Lurah Juki Pidato
Kie Lanjutane cerita sing disit lurah juki kelangan manuk
jalak kesayangane. Ceritane pan ana kumpulan Ibu-ibu PKK sing agendane mbahas
tentang kegiatan ibu-ibu ning desa sida mabur. Bu lurah karo pak lurah juki
kebetulan hadir nggo ngisi sambutan.
Ibu Lurah : Assalamualaikum wr wb. Sedulur kabeh kulo ngadeg
ning kene pan sedikit memberi sambutan kanggo acara rutin wulanan ibu-ibu PKK
tengriki….. Terima kasih
Bu Lurah pidato sampe dawa mlewer-mlewer nganti sing hadir
pada ngantuk. Akhire giliran lurah juki pan ngein sambutan, lurah juki dikenal
karo warga wong kang lucu lan seneng goyonan.
Lurah Juki : Assalamualaikum sedulur…..
Warga : Waalaikumsalam wr wb. Pada jawab kompak…
Lurah Juki : Sawah- sawah apa sing gawe seneng para warga?
(Goyonan lurah juki)
Warga : Belih ngerti pak Lurah? Sawah apa kue?
Lurah Juki : Temenan kie laka sing ngerti?
Warga : Iya pak lurah…
Lurah Juki : Jawabane gampang, yaiku Mangan Gratis Sawahrege.. hahhahahaha (guyu Ngakak)
Warga sing maune pada ngantuk langsung pada antusias. Sampe akhire
lurah juki kelingan due manuk sing ilang, akhire pada kesempatan kue lurah juki
takon maring wargane
Lurah Juki : sing ngerti manuke aku ilang coba ngacung.!!
Saukure warga sing lanang ning hadir pada ngacung kabeh
Lurah Juki : Ana sing weruh manuke aku ?
Sebagian wong wadon sing hadir pada ngacung…
Lurah juki : Ana sing pernah nyekel manuke aku sing ilang
warna ireng ?
Ana wong wadon lima sing ngacung….
Bu Lurah Mulai panas membara….
Lurah Juki akhire Takon maning ning wong wadon lima mau sing
ngacung.
Lurah Juki : Kie wong lima nyekel kapan? Terus bisane ora
dilebokna kurungan.
Akhire ana wong wadon siji sing keceplosan..
Warga : Waktu kue aku ora gelem dilebokna ning kurungan tapi
pak lurah maksa ya akhire aku pasrah bae….
Bu Lurah dugal langsung njewer si lurah juki…..
Gkgkgkgkgkgkgk
Warga pada keder akhire pada balik…
Bersambung…..


0 komentar:
Posting Komentar