Dewi Siputih Manis
Posted by ahmad solehuddin
Posted on 23.59
with No comments
Dewi Siputih Manis
Lanjut ceritane Durmad karo daklan kiyeh. Jaman saiki memang
lagi ngetrend-ngetrene social media, kaya facebook instagram lan liya2ne. Si
Durmad ora pengin ketinggalan jaman ceritane pan daftar facebook. Durmad sing
Gaptek alias ga Paham Tekonologi njaluk didaftarna ning si daklan.
Durmad : Klan, Aku jaluk tulung kiyeh???
Daklan : Jaluk tulung apa klan ?
Durmad : Jaluk tulung daftarna Facebook.
Daklan : Loke kowen ora bisa ?
Durmad : Temenan aku beli bisa klan..( Karo mohon-mohon )
Daklan : Wani Piro ?(Ngledek)
Durmad : Kowen tah karo batir lawas ka peretungan yah…
Akhire karena mohon-mohon karo maksa daklan marahi daftar
facebook karo cara nganggone. Dari cari teman, gawe status lan liya-liyane.
Durmad seneng akhire due facebook, Karena Jones alias Jomblo Ngenes si daklan
goleti batir wadon ning facebook. Ketemu ning facebook arane Dewi, dideleng
ning foto profile bocahe putih lan manis dikirimlah permintaan pertemanan.
Sejam kemudian di terima. Akhire si durmad inbox2an karo si dewi. Si durmad
gaya2an nganggo bahasa Indonesia endah katon keren.
Durmad : Hai Selamat Pagi ?
Dewi : Pagi Uga ?
Durmad : Kamu Orang mana ?
Dewi : Orang Indonesia
Durmad : Maksud nya daerah mana ?
Dewi : Owh, Aku dari Jateng, dikecamatan Sungsang.
Durmad : Berarti deket ya sama aku…
Wong loro kue akhire sering inboxan, sampe pada-pada
senenge, akhire pacaran meski durung pernah weruh mukane. Manggile wis
saying-sayangan lah sampe laka dina pateken inboxan terus. Sampe akhire si
durmad ngajaki ketemuan.
Durmad : Yanx, Ketemuan Yuk?
Dewi : Dimana yanx?
Durmad : Qmu pengennya dmn ?
Dewi : Dimana aja terserah qmu.
Durmad : Mau didalem apa diluar ?
Dewi : HUsss emange aku cewe apaan ?
Durmad : Maksudnya di dalam tuh di mall atau di luar di
taman yanx.. hehehehe
Dewi : Iya yanx, di taman aja deh.
Janjian si durmad karo dewi ning taman pinggir kantor
kecamatan walang sungsang jam 7 bengi. Si durmad penasaran pengen ketemu
kekasih pujaan hatine sing durung pernah ketemu. Durmad siap2 sing sore mula
jam lima sing biasane durung adus durmad adus malah nganti sejam. Pokoke
persiapan wis lengkap lah, sampe akhire waktu pertemuan tiba…
Durmad : Pacara aku ayu nemen kiyeh, Laka-laka lah pokoke.
Dong ketemu pan tak dambung mbuapa hahahahha ( ngomong ning jero ati )
Lagi duduk santai tiba-tiba ana wong wadon sing mereki
durmad, tapi durmad ora kenal karo mukane. Wong wadon kie malah ngajaki ngobrol
si durmad.
Wong Wadon : Kamu suka mancing yah? kamu dari desa sida
mabur yah? Kamu suka makan dawet item yah?
Wong wadon mau takon nritil nemen karo si durmad, sampe
akhire durmad.
Durmad : Apa sih kowen mba takon-takon kaya kenal bae,
gaya-gaya an maning nganggo bahasa Indonesia, kaya ayu bae wonge ireng kaya kue
ka.
Wong wadon mau akhire sakit hati nangis karena di ledek ning
durmad…
Wong wadon : Aku Dewi yanxx…..
Durmad : Dewi ? Dewi sapa ? Dewi Angin-angin.
Dewi : Dewi pacar kamu yang dari facebook.
Durmad : apaaaaaaaaa,,,,,,,
Durmad kaget setengah mati, langsung mlayu..
Harapane durmad salah babar blass ternyata dewi asline
ireng. Setelah ditelusuri jebule si dewi mau nganggo kamera 360 terus dipajang
ning foto profile facebook.
Wkwkwkwk
Lurah Juki Pidato
Posted by ahmad solehuddin
Posted on 04.45
with No comments
Lurah Juki Pidato
Kie Lanjutane cerita sing disit lurah juki kelangan manuk
jalak kesayangane. Ceritane pan ana kumpulan Ibu-ibu PKK sing agendane mbahas
tentang kegiatan ibu-ibu ning desa sida mabur. Bu lurah karo pak lurah juki
kebetulan hadir nggo ngisi sambutan.
Ibu Lurah : Assalamualaikum wr wb. Sedulur kabeh kulo ngadeg
ning kene pan sedikit memberi sambutan kanggo acara rutin wulanan ibu-ibu PKK
tengriki….. Terima kasih
Bu Lurah pidato sampe dawa mlewer-mlewer nganti sing hadir
pada ngantuk. Akhire giliran lurah juki pan ngein sambutan, lurah juki dikenal
karo warga wong kang lucu lan seneng goyonan.
Lurah Juki : Assalamualaikum sedulur…..
Warga : Waalaikumsalam wr wb. Pada jawab kompak…
Lurah Juki : Sawah- sawah apa sing gawe seneng para warga?
(Goyonan lurah juki)
Warga : Belih ngerti pak Lurah? Sawah apa kue?
Lurah Juki : Temenan kie laka sing ngerti?
Warga : Iya pak lurah…
Lurah Juki : Jawabane gampang, yaiku Mangan Gratis Sawahrege.. hahhahahaha (guyu Ngakak)
Warga sing maune pada ngantuk langsung pada antusias. Sampe akhire
lurah juki kelingan due manuk sing ilang, akhire pada kesempatan kue lurah juki
takon maring wargane
Lurah Juki : sing ngerti manuke aku ilang coba ngacung.!!
Saukure warga sing lanang ning hadir pada ngacung kabeh
Lurah Juki : Ana sing weruh manuke aku ?
Sebagian wong wadon sing hadir pada ngacung…
Lurah juki : Ana sing pernah nyekel manuke aku sing ilang
warna ireng ?
Ana wong wadon lima sing ngacung….
Bu Lurah Mulai panas membara….
Lurah Juki akhire Takon maning ning wong wadon lima mau sing
ngacung.
Lurah Juki : Kie wong lima nyekel kapan? Terus bisane ora
dilebokna kurungan.
Akhire ana wong wadon siji sing keceplosan..
Warga : Waktu kue aku ora gelem dilebokna ning kurungan tapi
pak lurah maksa ya akhire aku pasrah bae….
Bu Lurah dugal langsung njewer si lurah juki…..
Gkgkgkgkgkgkgk
Warga pada keder akhire pada balik…
Bersambung…..
Lurah Juki
Posted by ahmad solehuddin
Posted on 01.50
with No comments
Lurah Juki
Juki kelapa desa Sida mabur ceritane seneng ngingu manuk,
saking seneng pak juki kie due manuk pirang-pirang. Ana perukutut, jalak, kaka
tua,kutilang lan werna-werna. Pak juki paling seneng karo ngocehe manuk jalak,
sampe gelisen cerita ,manuk jalake ilang. Pak Juki keder ora karuan goleti
manuke ning endi. Sampe akhire Bojone balik sing pasar langsung ditakoni
pirang.
Pak juki : Ma weruh manuke enyong belih ?
Ibu Lurah : Lah manuke sampean tah aku weruh pak lagi bengi?
Pak Juki : Temenan ma, ning endi?
Ibu Lurah : Lagi bengi pas sampean turu.
Pak Juki : Terus ora di cekel ma?
Ibu Lurah : Tak cekel sedelat, manuke malah dadi kaku.
Pak Juki : Manuke warnane apa ?
Ibu Lurah: Ireng owh pak.
Pak Juki: Waduh bener berarti kue manuke aku sing ilang ma,
bisane ora di lebokna kurungan ma?
Ibu Lurah: Iya pak wis tak lebokna kurungan sue lamah pak.
Pak Juki : Endi manuke saiki ma?
Bu Lurah langsung nyekel manuke pak lurah temenan sampe pak
lurahe mules-mules ora karuan….
Bu Lurah: Kie Pak !!!! Karo nyekeli ######
Pak Lurah lansung tepok jidat, geleng-geleng endas…..wkwkwk
Pak Juki : Sing tak maksud manuk jalak ma!!!!!
Bersambung………
![]() |
Cerita Ngapak (Rebutan Rangda)
Posted by ahmad solehuddin
Posted on 07.42
with No comments
CERITA NGAPAK (CEPAK)
Matur suwun kanggo batur-batur kang gelem ngunjungi blog
kie. Wis Lah langsung digoyang Cepak.
Rebutan Rangda
Diceritakena
ning Desa Kembang Ganyong sing tempate ning pinggir alas roban terkenal banget
ning kalangan pemuda ana Rangda anyar sing Ayune ngungkuli Madona lan luna maya
arane Faridah. Akeh berita ning facebook kang pada cerita sampe2 kecantikane
menyebar ng saukure jagat facebook. Ana pemuda sing arane durmad karo daklan
krungu sampe penasaran kegawa mimpi.
Durmad : “ Temenan beli yah ana Janda kang Ayune kaya Madona” Penasaran Inyong Klan?!!
Durmad : “ Temenan beli yah ana Janda kang Ayune kaya Madona” Penasaran Inyong Klan?!!
Daklan : Inyong beh
rada belih percaya sebenere Mad, tapi akeh wong kang ngomong gawe penasaran
bae.
Durmad : Tiliki Bae apa klan enake?
Daklan : Yu lah Ko ya dong Bengi…
Wong loro
kie akhire janjian pan maring desa kembang ganyong go niliki rumor sing pada
beredar. Duklan gawa motor Revone siap-siap pan nyamper Durmad.
Daklan : Pak aku pan lunga disit ya, pan maring umahe Durmad
?!!
Bpne daklan : Iya wis aja suwe-suwe ya motore pan dingo
kondangan.
Daklan : Sip Markosip pak. Assalamualaikum…
Daklan
Meluncur maring umahe Durmad. Durmad wis rapi ngenteni ning arep umah.
Durmad :
Kie si Daklan janjiane Jam 7 wis Jam 8 ka ora anjog-anjog ya, 10 menit maning
ora anjog tah tak kamplengi kie bocah.
Ora sue
daklan anjog nganggo motor revo, setelan klimis tur ambune wangi pisan.
Durmad :
Bocahe kie nembe anjog yah ?!! lamon miki ora anjog tak kamplengi kowe, iyong
wis ngenteni nganti jamuran kie.( Nada rada sewot)
Daklan : Iya mad sorry kie siap-siape sue soale
hahahaha ( gemuyu ngledek)
Durmad :
Yuh lah gian aja kakean cocot.
Wong loro kue pun akhire cabut maring desa kembang ganyong,
si daklan ora karuan, durmad ora kalah rambute mlisning nganggo minyak kelapa.
Anjog juga akhire ning alamat rangda kembang ganyong. Ning arep lawang malah
kie wong loro tukaran.
Durmad : Lan kie pokoke jatahe aku ya, kowen kan ngater bae.
Daklan : e e e eh enak temen kowen ngomonge (nada ora
terima)
Durmad : ya iya yah jare kowen batir temenan>>>
Daklan : Batir sih batir tapi ari urusan cinta ya beda
maning.
Ora mikir dawa kie wong loro malah gulet kantem-kanteman
sampe krungu wong ning jerone umah. Akhire ana ibu-ibu tua metu marani kie
bocah loro. Diparani ibu-ibu wong loro kie langsung damai terus malah pada
tetakonan.
Ibu2 : Ana apa kie bocah loro ribut-ribut?...
Durmad : Mboten kados niku bu, kulo kesandung mawon kali
daklan. (Bebasa jawa)
Daklan : Enggih bu, nyuwun pangampuntene.
Durmad karo daklan mikir kie ibu-ibu pasti ibune si Faridah
rangda ayu kae, dadi coba bebasa go narik simpati.
Durmad : kulo tengriki bade silaturahmi bu kali larene ibu.
Daklan : kulo sami bu kali daklan,.
Ibu2 : Owh Nggih
mas.
Ibu2 : Warjo kie
gawekna wedang ana tamu,
Warjo : Iya Mak.
Ngobrol pun berlanjut
Ibu2 : Saking pundi
niki mas ?
Durmad : saking desa sebelah bu.
Ibu2 : Owh nggih adoh
yah.
Si Daklan ngerasa kuraang diperhatikena terus watir kesaing
akhire langsung To the point.
Daklan : Bu Kulo tengriki bade ketemu kali larene njenengan
kang namine Faridah, Kulo seneng pisan maring larene njenengan bu.
Si ibu langsung kaget karo njenggelek.
Ibu2 : Temenan mas seneng ?
Daklan : Nggih bu seneng nemen.
Ibu2 : Kulo Faridah
Bu.
Krungu Ibu2 kue ngomong faridah daklan karo durmad kaget
setengah mati, tanpa piker panjang langsung metu sing umah.
Ibu2 : Mas jare seneng kulo, mreneo mas!!!!!
Daklan langsung stater motor, tancap gas langsung kabur
balik maring umah.
Daklan : Aseem bisane tua nemen kie rangda ne jare ayu
nemen.
Durmad : Iya kie wis tua kaya kue ayu apane.
Akhire kie wong loro coba buka facebook nggolet berita sing
ngomong rangda anyar ayu Faridah. Sawise ditelusuri ternyata bener alamate tapi
jebule tahun beritane 2000. Alias beritane hoax, kie wong loro ketipu kenang
berita hoax ning facebook. Beritane taun kapan tapi di upload maning.
Wkwkwkwkwkwkwkwkwk.
Aja percaya maring berita hoax sedulur, ngko nasibe kaya si
durmad karo si daklan. Gullet gara-gara rangda tua. Hahahahahahaha
gkgkgkgkgkgkgkgk






