Home » » Cerita Ngapak (Rebutan Rangda)

Cerita Ngapak (Rebutan Rangda)

CERITA NGAPAK (CEPAK)

Matur suwun kanggo batur-batur kang gelem ngunjungi blog kie. Wis Lah langsung digoyang Cepak.

Rebutan Rangda
 
                Diceritakena ning Desa Kembang Ganyong sing tempate ning pinggir alas roban terkenal banget ning kalangan pemuda ana Rangda anyar sing Ayune ngungkuli Madona lan luna maya arane Faridah. Akeh berita ning facebook kang pada cerita sampe2 kecantikane menyebar ng saukure jagat facebook. Ana pemuda sing arane durmad karo daklan krungu sampe penasaran kegawa mimpi.
Durmad : “ Temenan beli yah ana Janda kang Ayune kaya Madona” Penasaran Inyong Klan?!!
Daklan : Inyong  beh rada belih percaya sebenere Mad, tapi akeh wong kang ngomong gawe penasaran bae.
Durmad : Tiliki Bae apa klan enake?
Daklan : Yu lah Ko ya dong Bengi…

                Wong loro kie akhire janjian pan maring desa kembang ganyong go niliki rumor sing pada beredar. Duklan gawa motor Revone siap-siap pan nyamper Durmad.
Daklan : Pak aku pan lunga disit ya, pan maring umahe Durmad ?!!
Bpne daklan : Iya wis aja suwe-suwe ya motore pan dingo kondangan.
Daklan : Sip Markosip pak. Assalamualaikum…
                Daklan Meluncur maring umahe Durmad. Durmad wis rapi ngenteni ning arep umah.
Durmad : Kie si Daklan janjiane Jam 7 wis Jam 8 ka ora anjog-anjog ya, 10 menit maning ora anjog tah tak kamplengi kie bocah.
Ora sue daklan anjog nganggo motor revo, setelan klimis tur ambune wangi pisan.
Durmad : Bocahe kie nembe anjog yah ?!! lamon miki ora anjog tak kamplengi kowe, iyong wis ngenteni nganti jamuran kie.( Nada rada sewot)
Daklan  : Iya mad sorry kie siap-siape sue soale hahahaha ( gemuyu ngledek)
Durmad : Yuh lah gian aja kakean cocot.
Wong loro kue pun akhire cabut maring desa kembang ganyong, si daklan ora karuan, durmad ora kalah rambute mlisning nganggo minyak kelapa. Anjog juga akhire ning alamat rangda kembang ganyong. Ning arep lawang malah kie wong loro tukaran.
Durmad : Lan kie pokoke jatahe aku ya, kowen kan ngater bae.
Daklan : e e e eh enak temen kowen ngomonge (nada ora terima)
Durmad : ya iya yah jare kowen batir temenan>>>
Daklan : Batir sih batir tapi ari urusan cinta ya beda maning.
Ora mikir dawa kie wong loro malah gulet kantem-kanteman sampe krungu wong ning jerone umah. Akhire ana ibu-ibu tua metu marani kie bocah loro. Diparani ibu-ibu wong loro kie langsung damai terus malah pada tetakonan.
Ibu2 : Ana apa kie bocah loro ribut-ribut?...
Durmad : Mboten kados niku bu, kulo kesandung mawon kali daklan. (Bebasa jawa)
Daklan : Enggih bu, nyuwun pangampuntene.
Durmad karo daklan mikir kie ibu-ibu pasti ibune si Faridah rangda ayu kae, dadi coba bebasa go narik simpati.
Durmad : kulo tengriki bade silaturahmi bu kali larene ibu.
Daklan : kulo sami bu kali daklan,.
Ibu2     : Owh Nggih mas.
Ibu2     : Warjo kie gawekna wedang ana tamu,
Warjo  : Iya Mak.
Ngobrol pun berlanjut
Ibu2   : Saking pundi niki mas ?
Durmad : saking desa sebelah bu.
Ibu2  : Owh nggih adoh yah.
Si Daklan ngerasa kuraang diperhatikena terus watir kesaing akhire langsung To the point.
Daklan : Bu Kulo tengriki bade ketemu kali larene njenengan kang namine Faridah, Kulo seneng pisan maring larene njenengan bu.
Si ibu langsung kaget karo njenggelek.
Ibu2 : Temenan mas seneng ?
Daklan : Nggih bu seneng nemen.
Ibu2 :  Kulo Faridah Bu.
Krungu Ibu2 kue ngomong faridah daklan karo durmad kaget setengah mati, tanpa piker panjang langsung metu sing umah.
Ibu2 : Mas jare seneng kulo, mreneo mas!!!!!
Daklan langsung stater motor, tancap gas langsung kabur balik maring umah.
Daklan : Aseem bisane tua nemen kie rangda ne jare ayu nemen.
Durmad : Iya kie wis tua kaya kue ayu apane.
Akhire kie wong loro coba buka facebook nggolet berita sing ngomong rangda anyar ayu Faridah. Sawise ditelusuri ternyata bener alamate tapi jebule tahun beritane 2000. Alias beritane hoax, kie wong loro ketipu kenang berita hoax ning facebook. Beritane taun kapan tapi di upload maning.
Wkwkwkwkwkwkwkwkwk.

Aja percaya maring berita hoax sedulur, ngko nasibe kaya si durmad karo si daklan. Gullet gara-gara rangda tua. Hahahahahahaha gkgkgkgkgkgkgkgk

0 komentar:

Posting Komentar

Diberdayakan oleh Blogger.