GAMBAR MISTERI NING DESA

 BEDOGAN

SENDAKALA

Dewi Siputih Manis

Dewi Siputih Manis


Lanjut ceritane Durmad karo daklan kiyeh. Jaman saiki memang lagi ngetrend-ngetrene social media, kaya facebook instagram lan liya2ne. Si Durmad ora pengin ketinggalan jaman ceritane pan daftar facebook. Durmad sing Gaptek alias ga Paham Tekonologi njaluk didaftarna ning si daklan.

Durmad : Klan, Aku jaluk tulung kiyeh???
Daklan : Jaluk tulung apa klan ?
Durmad : Jaluk tulung daftarna Facebook.
Daklan : Loke kowen ora bisa ?
Durmad : Temenan aku beli bisa klan..( Karo mohon-mohon )
Daklan : Wani Piro ?(Ngledek)
Durmad : Kowen tah karo batir lawas ka peretungan yah…

Akhire karena mohon-mohon karo maksa daklan marahi daftar facebook karo cara nganggone. Dari cari teman, gawe status lan liya-liyane. Durmad seneng akhire due facebook, Karena Jones alias Jomblo Ngenes si daklan goleti batir wadon ning facebook. Ketemu ning facebook arane Dewi, dideleng ning foto profile bocahe putih lan manis dikirimlah permintaan pertemanan. Sejam kemudian di terima. Akhire si durmad inbox2an karo si dewi. Si durmad gaya2an nganggo bahasa Indonesia endah katon keren.

Durmad : Hai Selamat Pagi ?
Dewi : Pagi Uga ?
Durmad : Kamu Orang mana ?
Dewi : Orang Indonesia
Durmad : Maksud nya daerah mana ?
Dewi : Owh, Aku dari Jateng, dikecamatan Sungsang.
Durmad : Berarti deket ya sama aku…
Wong loro kue akhire sering inboxan, sampe pada-pada senenge, akhire pacaran meski durung pernah weruh mukane. Manggile wis saying-sayangan lah sampe laka dina pateken inboxan terus. Sampe akhire si durmad ngajaki ketemuan.

Durmad : Yanx, Ketemuan Yuk?
Dewi : Dimana yanx?
Durmad : Qmu pengennya dmn ?
Dewi : Dimana aja terserah qmu.
Durmad : Mau didalem apa diluar ?
Dewi : HUsss emange aku cewe apaan ?
Durmad : Maksudnya di dalam tuh di mall atau di luar di taman yanx.. hehehehe
Dewi : Iya yanx, di taman aja deh.

Janjian si durmad karo dewi ning taman pinggir kantor kecamatan walang sungsang jam 7 bengi. Si durmad penasaran pengen ketemu kekasih pujaan hatine sing durung pernah ketemu. Durmad siap2 sing sore mula jam lima sing biasane durung adus durmad adus malah nganti sejam. Pokoke persiapan wis lengkap lah, sampe akhire waktu pertemuan tiba…

Durmad : Pacara aku ayu nemen kiyeh, Laka-laka lah pokoke. Dong ketemu pan tak dambung mbuapa hahahahha ( ngomong ning jero ati )

Lagi duduk santai tiba-tiba ana wong wadon sing mereki durmad, tapi durmad ora kenal karo mukane. Wong wadon kie malah ngajaki ngobrol si durmad.

Wong Wadon : Kamu suka mancing yah? kamu dari desa sida mabur yah? Kamu suka makan dawet item yah?
Wong wadon mau takon nritil nemen karo si durmad, sampe akhire durmad.
Durmad : Apa sih kowen mba takon-takon kaya kenal bae, gaya-gaya an maning nganggo bahasa Indonesia, kaya ayu bae wonge ireng kaya kue ka.

Wong wadon mau akhire sakit hati nangis karena di ledek ning durmad…
Wong wadon : Aku Dewi yanxx…..
Durmad : Dewi ? Dewi sapa ? Dewi Angin-angin.
Dewi : Dewi pacar kamu yang dari facebook.
Durmad : apaaaaaaaaa,,,,,,,
Durmad kaget setengah mati, langsung mlayu..

Harapane durmad salah babar blass ternyata dewi asline ireng. Setelah ditelusuri jebule si dewi mau nganggo kamera 360 terus dipajang ning foto profile facebook.
Wkwkwkwk



Lurah Juki Pidato


Lurah Juki Pidato


Kie Lanjutane cerita sing disit lurah juki kelangan manuk jalak kesayangane. Ceritane pan ana kumpulan Ibu-ibu PKK sing agendane mbahas tentang kegiatan ibu-ibu ning desa sida mabur. Bu lurah karo pak lurah juki kebetulan hadir nggo ngisi sambutan.

Ibu Lurah : Assalamualaikum wr wb. Sedulur kabeh kulo ngadeg ning kene pan sedikit memberi sambutan kanggo acara rutin wulanan ibu-ibu PKK tengriki….. Terima kasih
Bu Lurah pidato sampe dawa mlewer-mlewer nganti sing hadir pada ngantuk. Akhire giliran lurah juki pan ngein sambutan, lurah juki dikenal karo warga wong kang lucu lan seneng goyonan.

Lurah Juki : Assalamualaikum sedulur…..
Warga : Waalaikumsalam wr wb. Pada jawab kompak…
Lurah Juki : Sawah- sawah apa sing gawe seneng para warga? (Goyonan lurah juki)
Warga : Belih ngerti pak Lurah? Sawah apa kue?
Lurah Juki : Temenan kie laka sing ngerti?
Warga : Iya pak lurah…
Lurah Juki : Jawabane gampang, yaiku Mangan Gratis Sawahrege.. hahhahahaha (guyu Ngakak)

Warga sing maune pada ngantuk langsung pada antusias. Sampe akhire lurah juki kelingan due manuk sing ilang, akhire pada kesempatan kue lurah juki takon maring wargane

Lurah Juki : sing ngerti manuke aku ilang coba ngacung.!!
Saukure warga sing lanang ning hadir pada ngacung kabeh
Lurah Juki : Ana sing weruh manuke aku ?
Sebagian wong wadon sing hadir pada ngacung…
Lurah juki : Ana sing pernah nyekel manuke aku sing ilang warna ireng ?
Ana wong wadon lima sing ngacung….

Bu Lurah Mulai panas membara….

Lurah Juki akhire Takon maning ning wong wadon lima mau sing ngacung.

Lurah Juki : Kie wong lima nyekel kapan? Terus bisane ora dilebokna kurungan.
Akhire ana wong wadon siji sing keceplosan..
Warga : Waktu kue aku ora gelem dilebokna ning kurungan tapi pak lurah maksa ya akhire aku pasrah bae….

Bu Lurah dugal langsung njewer si lurah juki…..

Gkgkgkgkgkgkgk


Warga pada keder akhire pada balik…

Bersambung…..

Lurah Juki

Lurah Juki


Juki kelapa desa Sida mabur ceritane seneng ngingu manuk, saking seneng pak juki kie due manuk pirang-pirang. Ana perukutut, jalak, kaka tua,kutilang lan werna-werna. Pak juki paling seneng karo ngocehe manuk jalak, sampe gelisen cerita ,manuk jalake ilang. Pak Juki keder ora karuan goleti manuke ning endi. Sampe akhire Bojone balik sing pasar langsung ditakoni pirang.
Pak juki : Ma weruh manuke enyong belih ?
Ibu Lurah : Lah manuke sampean tah aku weruh pak lagi bengi?
Pak Juki : Temenan ma, ning endi?
Ibu Lurah : Lagi bengi pas sampean turu.
Pak Juki : Terus ora di cekel ma?
Ibu Lurah : Tak cekel sedelat, manuke malah dadi kaku.
Pak Juki : Manuke warnane apa ?
Ibu Lurah: Ireng owh pak.
Pak Juki: Waduh bener berarti kue manuke aku sing ilang ma, bisane ora di lebokna kurungan ma?
Ibu Lurah: Iya pak wis tak lebokna kurungan sue lamah pak.
Pak Juki : Endi manuke saiki ma?
Bu Lurah langsung nyekel manuke pak lurah temenan sampe pak lurahe mules-mules ora karuan….
Bu Lurah: Kie Pak !!!! Karo nyekeli ######
Pak Lurah lansung tepok jidat, geleng-geleng endas…..wkwkwk
Pak Juki : Sing tak maksud manuk jalak ma!!!!!
Bersambung………

 

Cerita Ngapak (Rebutan Rangda)

CERITA NGAPAK (CEPAK)

Matur suwun kanggo batur-batur kang gelem ngunjungi blog kie. Wis Lah langsung digoyang Cepak.

Rebutan Rangda
 
                Diceritakena ning Desa Kembang Ganyong sing tempate ning pinggir alas roban terkenal banget ning kalangan pemuda ana Rangda anyar sing Ayune ngungkuli Madona lan luna maya arane Faridah. Akeh berita ning facebook kang pada cerita sampe2 kecantikane menyebar ng saukure jagat facebook. Ana pemuda sing arane durmad karo daklan krungu sampe penasaran kegawa mimpi.
Durmad : “ Temenan beli yah ana Janda kang Ayune kaya Madona” Penasaran Inyong Klan?!!
Daklan : Inyong  beh rada belih percaya sebenere Mad, tapi akeh wong kang ngomong gawe penasaran bae.
Durmad : Tiliki Bae apa klan enake?
Daklan : Yu lah Ko ya dong Bengi…

                Wong loro kie akhire janjian pan maring desa kembang ganyong go niliki rumor sing pada beredar. Duklan gawa motor Revone siap-siap pan nyamper Durmad.
Daklan : Pak aku pan lunga disit ya, pan maring umahe Durmad ?!!
Bpne daklan : Iya wis aja suwe-suwe ya motore pan dingo kondangan.
Daklan : Sip Markosip pak. Assalamualaikum…
                Daklan Meluncur maring umahe Durmad. Durmad wis rapi ngenteni ning arep umah.
Durmad : Kie si Daklan janjiane Jam 7 wis Jam 8 ka ora anjog-anjog ya, 10 menit maning ora anjog tah tak kamplengi kie bocah.
Ora sue daklan anjog nganggo motor revo, setelan klimis tur ambune wangi pisan.
Durmad : Bocahe kie nembe anjog yah ?!! lamon miki ora anjog tak kamplengi kowe, iyong wis ngenteni nganti jamuran kie.( Nada rada sewot)
Daklan  : Iya mad sorry kie siap-siape sue soale hahahaha ( gemuyu ngledek)
Durmad : Yuh lah gian aja kakean cocot.
Wong loro kue pun akhire cabut maring desa kembang ganyong, si daklan ora karuan, durmad ora kalah rambute mlisning nganggo minyak kelapa. Anjog juga akhire ning alamat rangda kembang ganyong. Ning arep lawang malah kie wong loro tukaran.
Durmad : Lan kie pokoke jatahe aku ya, kowen kan ngater bae.
Daklan : e e e eh enak temen kowen ngomonge (nada ora terima)
Durmad : ya iya yah jare kowen batir temenan>>>
Daklan : Batir sih batir tapi ari urusan cinta ya beda maning.
Ora mikir dawa kie wong loro malah gulet kantem-kanteman sampe krungu wong ning jerone umah. Akhire ana ibu-ibu tua metu marani kie bocah loro. Diparani ibu-ibu wong loro kie langsung damai terus malah pada tetakonan.
Ibu2 : Ana apa kie bocah loro ribut-ribut?...
Durmad : Mboten kados niku bu, kulo kesandung mawon kali daklan. (Bebasa jawa)
Daklan : Enggih bu, nyuwun pangampuntene.
Durmad karo daklan mikir kie ibu-ibu pasti ibune si Faridah rangda ayu kae, dadi coba bebasa go narik simpati.
Durmad : kulo tengriki bade silaturahmi bu kali larene ibu.
Daklan : kulo sami bu kali daklan,.
Ibu2     : Owh Nggih mas.
Ibu2     : Warjo kie gawekna wedang ana tamu,
Warjo  : Iya Mak.
Ngobrol pun berlanjut
Ibu2   : Saking pundi niki mas ?
Durmad : saking desa sebelah bu.
Ibu2  : Owh nggih adoh yah.
Si Daklan ngerasa kuraang diperhatikena terus watir kesaing akhire langsung To the point.
Daklan : Bu Kulo tengriki bade ketemu kali larene njenengan kang namine Faridah, Kulo seneng pisan maring larene njenengan bu.
Si ibu langsung kaget karo njenggelek.
Ibu2 : Temenan mas seneng ?
Daklan : Nggih bu seneng nemen.
Ibu2 :  Kulo Faridah Bu.
Krungu Ibu2 kue ngomong faridah daklan karo durmad kaget setengah mati, tanpa piker panjang langsung metu sing umah.
Ibu2 : Mas jare seneng kulo, mreneo mas!!!!!
Daklan langsung stater motor, tancap gas langsung kabur balik maring umah.
Daklan : Aseem bisane tua nemen kie rangda ne jare ayu nemen.
Durmad : Iya kie wis tua kaya kue ayu apane.
Akhire kie wong loro coba buka facebook nggolet berita sing ngomong rangda anyar ayu Faridah. Sawise ditelusuri ternyata bener alamate tapi jebule tahun beritane 2000. Alias beritane hoax, kie wong loro ketipu kenang berita hoax ning facebook. Beritane taun kapan tapi di upload maning.
Wkwkwkwkwkwkwkwkwk.

Aja percaya maring berita hoax sedulur, ngko nasibe kaya si durmad karo si daklan. Gullet gara-gara rangda tua. Hahahahahahaha gkgkgkgkgkgkgkgk
Diberdayakan oleh Blogger.